Social Icons

Pages

Rabu, 29 Januari 2014

Naskah Drama Roro Jonggrang (Jawa Ver)

Sehubungan dengan adanya tugas untuk menampilkan drama dari suatu legenda, berikut inilah contoh naskah drama dalam bentuk bahasa Jawa.

RORO JONGGRANG

Ing sawijine jaman, ing ndesa sing apik urip ana wedokan kang ditinggal karo bojone . Dheweke urip karo anake , sing jenenge Bandung.

Bandung     Bu, nopo ibu mboten kesepian menawi kula lan panjenengan mung    manggon teng perkampungan endah niki tiang kaleh mawon.”
Ibu              Kesepian ngopo to le?Ibu wis seneng ana kowe nang kene. Awak         dewe uwis urip kecukupanseneng tanpa ana sing gangguarep njaluk sing piye maneh ibu iki.”
Bandung     ya mbok menawi ibu kersa duweni rama damel kula.”
Ibu              : (mesem ngguyu) Kowe ki ngomong opo to.Ora..ora..ibu rapapa urip    janda kaya ngene sing penting ibu duwe kowe(Jare ibune banjur nyayang anake).
Bandung     Lho, saestu Bu.
Ibu              :Sakjane lakyo kowe sing patut tak takoni koyo ngono kuwi anakku. Kowe iku wis gede, moso kowe arep dewean wae.
Bandung: (mesem)Ah, menawi kula, boten usah di pikir bu. Saktemene kula    ajeng tanglet kalih ibu, Nanging kula boten kepenak,Bu.
Ibu              Kowe arep takon opo?Kok nganggo ora kepenak barang. Aku iki ibumu opo dudu. Arep takon opo to Le?
Bandung     Ngeten lho Bu, saktemene Rama kula menika sinten? Ngantos sakniki kok kula taksih bingung.
Bandung     Bu,kok mendhel mawon? Wonten penggalih menopo to bu?
Ibu              Anakku Bandung (ngelus pundake Bandung).Sajake iki wektu sing     pantes. Kowe saiki wis gede,  ibu ora wedi maneh cerita karo kowe. Ibu ngerti,kowe mesti iso ngerteni iki.
Bandung     : “Ana apa,Bu?
Ibu              Bapakmu kuwi sakjane bangsawan ing tlatah adoh kono.
Bandung     : “dados bapak tasik sugeng bu?
Ibu              Yen kowe pancen pengen nemoni Ramamu, yo ora opo-opo. Golekana Ramamu kuwi,nanging ibu mung iso pesen. Rungokno          pesen – pesen ibu iki.”
Bandung     : “inggih, Bu.
Ibu              Ibu mung iso dongakake apa sing kowe karepake bakal tok temu.        Lek wis kepetuk ramamu, cepet sujud ing sikile ramamu kanggo tanda        kahormatan. Ing jabakono, pasti akeh wong asing sing bakal kok temui lan kabeh pasti nduwe niat dhewe-dhewe.Kowe iku lanangan     sing isok dipercaya . Ojo seneng adu otot anakku, iku ora apik. Ojo waton tumindak ing kono, ora liyo kanggo njaga keslametanmu dhewe.
Bandung     Inggih,Bu.
Ibu              Lan siji meneh amanatku (mlebu ing kamar, metu lan nggawa     selendang warna abang). Gawaen selendang iki supaya Ramamu percaya yen kowe iku anake.”
Bandung     : “matur nuwun Bu, nanging kepripun ibu menawi kulangembara. Menapa ibu aman gesang piyambakan ing bumi ingkang boten temtu niki .”
Ibu              : “ Ibu ora bakal keno opo-opo. Ibu mung iso nyangoni slamet yo anakku sing tak tresnani.
Menika Bandung budal ngembara. Lan dheweke teko ing nggone jin. Dheweke ditekani karo para abdi dalem saka nggone jin. Bandung bisa nglawan para abdi dalem. Banjur Bandung nemoni  Jin Bondowoso.
Jin               : ”Sampean sapa?”
Bandung     : ”Aku Bandung”
Jin               : “Ono kaperluan opo sampean mrene.”
Bandung     : “Aku arep nggolek Ramaku, opo kowe isok bantu aku nggoleki Ramaku?”
Jin               : ”Wani piro?”
Bandung     : “Yen aku wis dadi raja, kowe isok njaluk opo wae sing kowe karepake.”
Jin               : ”Wokey , gawe bantu kowe aku wenehi tigo panyuwunan.”
Bandung     : ”sing kasiji aku pengen nemoni Ramaku.”
Jin               : ”Oke” (ngilang)
Amarga Bandung bisa nakluake Jin Bondowoso , akhire jenenge Bandung diwenehi jeneng Bondowoso. Dadi saiki jenenge Bandung Bondowoso. Jin Bondowoso ngabulake panyuwunane  Bandung Bodowoso. Deweke banjur dadi Raja ing Pengging. Bandung Bondowoso saiki dadi sombong lan serakah.  Dheweke pingin nguwasai kerajaan Pengging lan kerajaan Prambanan. Dheweke pingin perang karo Prabu Boko, rajane Prambanan.Prabu Boko direwangi Patih   Gupala perang karo Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso nggawe  panjalukan sing keloro marang Jin Bondowoso ben iso menang ngelawan Prabu Boko. Akhire Jin Bondowoso lan Bandung Bondowoso menang nglawan Prabu Boko. Prabu Boko mati tapi Patih Gupala Slamet . Patih Gupala muleh  karo ngetokake getih lan kelaran.   
Patih Gupala  : Nyuwun sewu Putri.
Jonggrang      Ana apa Patih. Kok njenengan wis bali saka peperangan, ana ngendi Ramaku?
Patih Gupala   (menundukkan kepala dan menyembah)Nyuwun sewu  Roro.(mikir-mikir)Prabu Boko…
Jonggrang       : Rama!?Ana apa karo Rama?Opo panjenengan duwe kabar sing ora ke penak Patih?
Patih Gupala   Inggih Roro.
Jonggrang       Ana ngendi Ramaku?”(bingung lan arep nangis)." Cerita karo aku Patih..pundi ramaku?
Patih Gupala   Prabu Boko gugur ing peperangan menika, Roro.
Jonggrang       HA? Apa bener ngendikanmu kuwi. Opo panjenenganboten Goroh Patih?
Patih Gupala   Saestu ndara. Kula ingkang ngertosi piyambak, Bandung                      Bondowoso nusukkaken kerisipun.
Jonggrang      Rama…(nangis)”
         Wektu nangis iku patih Gupala mati lan Bandung Bondowoso teka ing ngarepe Rara Jonggrang. Bandung banjur mikir-mikir, sapa Ratu ayu ing ngarepe  iku?Apa selire Prabu Baka sing dak pateni mau?
Bandung        :” (mlaku nyedeki Roro). Kena apa kowe duhcah ayu?
Jonggrang      : Sapa kowe wani teka ing kerajaan iki?
Bandung        : Hahaha…Sopo aku? Opo kowe ora ngenali aku, raja ing Kerajaan Pengging, lan saiki sing duweni kerajaan sing gede iki (ngomong karo sombong), Bondowoso. Hahaha.. Ayu tenan koweApa kowe gelem dak dadekake garwaku!
Roro Jonggrang bingung arep menehi jawaban apa.
Jonggrang     : (mbatin)Bandung iku wong sing sekti.Ra mungkin aku wani nolak. Nanging atiku ora tresna. Kenal wae durung, kok njaluk aku dadi bojone. Penak tenan. Saya maneh, uwong iki sing gawe aku kelangan Rama tercintaku.
Bandung       : ”HALAH!!!,trimo ae, Aku ngganteng kok. Kena apa kowe ora gelem? Opo kowe isin karo aku?Hem?(karo nggoda)
Jonggrang    : ”Wah.Apa sing arep aku lakokake.Aku mumet.
Jonggrang banjur mikir-mikir.
Jonggrang   Ngene wae, yen kowe pancen pengen duweni aku, syarate sitik-sitik wae.Gawekno 1000 candi ing wektu sakmalem. Yen kowe kasil, aku gelem tok pek bojo.
Bandung     Weh..weh..weh..Wah, kowe ki dagelan tenan kok!!Sewu candi    wektu sewengni?10 candi wae, apa mending kowe njaluk syarat      liyane. Sekarepmulah..Moso kon gawe 1000 candi.Arep tok nggo    ngopo candi iku.
Jonggrang   : Kula tetep pengen digawekke sewu candii. Iku          panjalukku.buktekno yen kowe tresna aku Bandung.
Bandung     Wis, sakiki ngene wae. Pase,njalukmu piro?
Jonggrang   Aku nyuwun sewu candi!! (karo arep nglungani)
Bandung     Yowes..yo wes..Aja mutung to! Kanggo buktekaketresna ku karo kowebakal tak gawekake sewu candi.(janji)
Bandung nggawe panyunuwunanne saka jin sing terakhir.
Bandung     : ”jin, aku isik nduwe panyuwunan sing terakhir kan?”
Jin               : ”iyo aku iling. Panyuwunanmu apa ?”
Bandung     : ”aku njlauk tulung digaweake 1000 candi.”
Jin               : ”wokey, mari panyuwunanmu kuwi mau urusanku karo kowe wis mari,dadi aku ora pingin bantu kowe maneh.”
Jonggrang    Kepriye iki, apa Bandung bisa gawe candi okehe semono.
Dayang        La kepripun to Putri. Bandung menika lak nggeh tiyang sekti to Putri, miterat pamikir kula, kok panyuwun panjenengan, bisa di tepati. La wong samenika taksih jam kalih,anggenipun bangun candi sampun badhe kelar to Putri.
Jonggrang    La terus apa sing kudu tak  lakokake.aku ora gelem rabi karo Bandung.
Dayang        Lajeng kepripun?
Jonggrang mloka mlaku ing jero kamar
Jonggrang    Wis, saiki ngene wae. Dayang, tulung tangekake kabehrakyat Prambanan, kongkon wong wadon numbuk parilanbakaya jeramiSing ana ing kandange pitikAwak dewe gawe suasanabengi iki seakan isuk uwis teka.Lek wis ngono jin-jin sing lagi kerja ngira lek isuk wis teko,jin-jin padha mlayu lan ojo lali naburake kembang-kembang.”
Dayang        Ide ingkang bagus,Putri. Karongono, Bandung pasti ora bias marikake gawean kuwi.”                
Jonggrang    Iya. Dayang, cepet dewekmu tangikne wong wong!.
Dayang        “Inggih ndara.nyuwun sewu.
          Dayang iku mau banjur nangikne para wadokan ing ndesa iku. Wedokan mau dikonkon numbuk padi lan mbakar jerami, Pitik pitik dikongkon nguruk.
Jin               : Wah, Srengenge wis nyilau ing kono!awakdewe kudu cepet ngaleh ikiYen ora,awake dhewe engko iso angus! Weleh..weleh.. Tapi,piye karo penggawean iki. Candi sing didekno kurangsiji engkas.Bandung ya ing endi iki?”
          Para jin-jin pada mlayu lan ninggalake gaweanne .Ora suwe maneh Bandung Bondowoso teko karo. Dhalu sing rame, srengenge wis muncul , pithik jago , para wadon wis mulai numbuk pari lan jin-jin pada ngilang kabeh.Ndeleng keaadan kuwi BandungBondowoso. Ing esuk, Bandungnekani Jonggrang.

Bandung     Jonggrang, panjalukmu uwis dak turuti, saiki rabio karo aku.”
Jonggrang   Oh ya?sing bener? Apa kowe wis bisa gaweanke aku sewu candi?”
Bandung     Tentu wae tresnoku?”
Jonggrang    : Aku ora percaya.
Bandung      : kowe ora percaya? Dhelengen iki itungen candi-candi kuwi.
Jonggrang    : “oke. Tapi iling janjimuyen candi kuwi kurang teko sewu, berarti kowe batal ngolehake aku, Bandung.
          Jonggrang ngitung candi-candi kuwiMari bolak-balik ngitung Jonggrang ngomong.
Jonggrang    sepurane Bandung, uwis dak itung, candi sing kok gawe kurang siji.”
Bandung      Hah?sing tenan.kowe pasti salah ngitung.”
Jonggrang    : aku uwis bola bali ngitung, nanging hasile padaJumlah candi iki mung 999 .”
Bandung      : “yawis, kan mung kurang sak buahuwis ana 999 buah.  Engko bakal dak gawekake maneh. Tapi sak uwise kowe rabi karo aku.
Jonggrang    : “ora, Bandung. Janjine dudu kaya ngono! Kowe uwis gagal menuhi janjimu. Dadi minggato saka uripku. Ojo nyideki aku.Utawa aku sing bakal minggat.”
Bandung      Ha?sak wise aku nggawe 999 candiapa mung iki balesanmu Jonggrang”
Jonggrang    Iyo.kowe pingin apa maneh!! (nyentakakonono yen kowe uwis kalah wong elek.”
Bandung      Jonggrang!! wanine kowe ngenyek aku!
Jonggrang    : “pancen ngono toh nyatane!
Bandung      Jonggrang!! Kowe wis nggawe aku ngamuk! Ket mau aku wis nyobak gawe sabar gawe ngentukake kowe , tapi percuma ae pengorbananku iki. Ora papa aku ora ngentukne awakmu! Candi iki pancen kurang siji , lan sakjane sing pantes ngelengkapi ya mung kowe tok! Dadi kowe Candi Jonggrang dadio hiasan kanggo kerajaanku!
Jonggrang Aaaaahhh !!!!!!!!!!
Moro-moro Jonggrang berubah dadi Patung.


Rampung..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 
 
Blogger Templates